Merawat Taqwa Pasca-Ramadhan
Agama | 2026-03-20 05:02:32
Khutbah Idul Fitri Denga Bahasa Jawa Campuran
Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mangga kita sami ningkataken rasa syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amargi dinten meniko kita diparingi nikmat ageng: iman, sehat, lan ingkang asring kita lali, yaiku nikmat aman.
Sedulur-sedulur, Nalika kita saged shalat Id kanthi tentrem, wonten sedulur kita ingkang urip wonten ing kahanan perang, ketakutan, lan boten aman. Mula ayo kita sadar, nikmat aman meniko dudu perkara sepele. Ayo kita manfaatkan kanthi maksimal kanggo ibadah lan kebaikan.
Allah Ta’ala ngendika:
الَّذِي أَطْعَمَهُم مِّن جُوعٍ وَآمَنَهُم مِّنْ خَوْفٍ
"Yang telah memberi mereka makanan untuk menghilangkan lapar dan mengamankan mereka dari rasa takut." (QS. Quraisy: 4)
Allah nyebut nikmat pangan lan keamanan minangka nikmat pokok. Tegese, yen wis aman lan cukup, kudu luwih taat lan luwih akeh ibadah, dudu malah lalai.
Ma’asyiral muslimin,
Ramadhan punika madrasah pembentukan karakter. Kita dilatih sabar, nahan hawa nafsu, disiplin, lan peduli.
Allah Ta’ala ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
"Wahai orang-orang yang beriman! Bertakwalah kepada Allah sebenar-benar takwa kepada-Nya dan janganlah kamu mati kecuali dalam keadaan Muslim." (QS. Ali Imran: 102)
Taqwa artine njaga diri saka murka Allah kanthi taat. Ayat iki negesake supaya kita istiqamah nganti akhir hayat, ora mung nalika Ramadhan.
Sedulur-sedulur,
Kanggo urusan akhirat:
- Jaga shalat lima waktu
- Terus membaca Al-Qur’an
- Perbanyak amal shalih
- Nahan hawa nafsu
Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:
أَحَبُّ الْأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ
"Amalan yang paling dicintai Allah adalah yang terus-menerus walaupun sedikit."(HR. Bukhari dan Muslim)
Sing penting istiqamah. Senajan sethithik nanging terus, luwih dicintai Allah tinimbang akeh nanging mandheg.
Kita kedah nahan diri saka maksiat, saka keinginan berlebihan, saka hawa nafsu. Nanging ing wektu sing padha, kita kudu semangat kerja, ora males, lan maksimal ing usaha.
Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:
الْمُؤْمِنُ الْقَوِيُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ
"Mukmin yang kuat lebih baik dan lebih dicintai Allah daripada mukmin yang lemah."(HR. Bukhari dan Muslim)
Kuat ing kene ora mung fisik, nanging uga iman, mental, lan usaha. Islam ngajari dadi wong sing produktif, ora malas.
Ma’asyiral muslimin,
Ing gesang meniko wonten ujian lan nikmat. Nalika susah kudu sabar, nalika seneng kudu syukur.
Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:
عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ... إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ... وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ
"Sungguh menakjubkan urusan seorang mukmin jika mendapat nikmat ia bersyukur, jika mendapat musibah ia bersabar."(HR.Muslim)
Urip wong mukmin mesthi apik: seneng dadi pahala amarga syukur, susah dadi pahala amarga sabar.
Mugi kita sedaya saged njaga hasil Ramadhan, dados pribadi ingkang langkung taqwa, istiqamah, lan seimbang antara donya lan akhirat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Allahumma ighfir lil muslimina wal muslimat, wal mu’minina wal mu’minat.
Allahumma taqabbal minna shiyamana wa qiyamana.
Ya Allah, jadikan kami hamba yang istiqamah setelah Ramadhan, yang bersyukur saat nikmat dan bersabar saat ujian.
Ya Allah, berikan keamanan bagi negeri kami dan saudara-saudara kami di berbagai tempat.
Rabbana atina fid dunya hasanah, wa fil akhirati hasanah, wa qina ‘adzaban nar.
Taqabbalallahu minna wa minkum shalihal a’mal, mohon maaf lahir batin, sugeng riyadi, selamat hari raya idul fitri 1447 H/2026 M.
Disclaimer
Retizen adalah Blog Republika Netizen untuk menyampaikan gagasan, informasi, dan pemikiran terkait berbagai hal. Semua pengisi Blog Retizen atau Retizener bertanggung jawab penuh atas isi, foto, gambar, video, dan grafik yang dibuat dan dipublished di Blog Retizen. Retizener dalam menulis konten harus memenuhi kaidah dan hukum yang berlaku (UU Pers, UU ITE, dan KUHP). Konten yang ditulis juga harus memenuhi prinsip Jurnalistik meliputi faktual, valid, verifikasi, cek dan ricek serta kredibel.
