Bodo Kupat: Tradhisi Kebersamaan Sasampunipun Riyaya Idulfitri
Culture | 2026-04-23 11:41:22Bodo Kupat inggih punika salah satunggaling tradhisi masyarakat Jawa ingkang kalaksanan sawetawis dinten sasampunipun riyaya Idulfitri, limrahipun wonten ing dinten kaping pitu ingkang asring sinebat “Lebaran Kupat”. Tradhisi menika taksih dipunlestantunaken, mliginipun wonten ing dhaerah pedesaan, minangka wujud syukur sasampunipun nglampahi ibadah pasa wonten ing wulan Ramadan.
Bodo Kupat inggih punika salah satunggaling tradhisi masyarakat Jawa ingkang kalaksanan sawetawis dinten sasampunipun riyaya Idulfitri, limrahipun wonten ing dinten kaping pitu ingkang asring sinebat “Lebaran Kupat”. Tradhisi menika taksih dipunlestantunaken, mliginipun wonten ing dhaerah pedesaan, minangka wujud syukur sasampunipun nglampahi ibadah pasa wonten ing wulan Ramadan. Miturut tegesipun, “bodo” ateges riyaya utawi pahargyan, dene “kupat” inggih punika ketupat, panganan saking beras ingkang dipunbungkus ngginakaken janur. Ketupat gadhah teges filosofis ingkang jero, inggih punika minangka pralambang kesucian manah saha panyuwunan pangapunten. Anyaman kupat ingkang ruwet nggambaraken kalepatan manungsa, dene isinipun ingkang putih resik nggambaraken manah ingkang malih suci sasampunipun sesarengan nyuwun pangapunten.
Ing kaleksananipun Bodo Kupat, masyarakat limrahipun sami nglumpuk kaliyan kulawarga, tanggi, saha sanak kadang. Padha masak lan nyawisaken dhaharan kados kupat, opor pitik, sambel goreng, saha sayur labu. Dhaharan menika lajeng dipunpendhet sesarengan minangka wujud kebersamaan lan ngiyataken tali silaturahmi.
Wonten ugi ing sawetawis dhaerah, Bodo Kupat dipunrayakaken kanthi kegiyatan sanes kados donga sesarengan, ziarah kubur, ngantos hiburan rakyat. Tradhisi menika boten namung dados papan kangge suka-suka, nanging ugi minangka sarana nglestantunaken budaya warisan para leluhur ingkang kebak makna.
Ing jaman sakmenika ingkang sampun modern, tradhisi Bodo Kupat taksih gadhah paedah ingkang wigati tumrap gesangipun masyarakat. Tradhisi menika ngandhut piwulang bab kebersamaan, rasa syukur, saha wigatinipun njagi sesambetan ingkang sae antar sesami.
Mila saking punika, Bodo Kupat boten namung tradhisi nedha kupat sesarengan, nanging ugi dados pralambang kerukunan lan keharmonisan wonten ing gesang bebrayan.
Disclaimer
Retizen adalah Blog Republika Netizen untuk menyampaikan gagasan, informasi, dan pemikiran terkait berbagai hal. Semua pengisi Blog Retizen atau Retizener bertanggung jawab penuh atas isi, foto, gambar, video, dan grafik yang dibuat dan dipublished di Blog Retizen. Retizener dalam menulis konten harus memenuhi kaidah dan hukum yang berlaku (UU Pers, UU ITE, dan KUHP). Konten yang ditulis juga harus memenuhi prinsip Jurnalistik meliputi faktual, valid, verifikasi, cek dan ricek serta kredibel.
